DRAMA SINGKAT
PEWAYANGAN KANTHI 7 PARAGA
“SINTA
KADHUSTA”
Kocap kacarita lakune Rama,
Lesmana, lan Shinta wus tekan sak tengahhing Alas Dandhaka
Sinta : “Kakang
Mas Ramawijaya, prayoganipun sak menika kita ngaso sak wetawis wekdal wonten
panggenan punika Kang Mas!”
Rama : “Iya
Yayi.......yen sliramu pancen uwis kesel anggone lumaku, ayo padha leren sak
wetara ing kene.” “Lesmana Adikku......ayo Dhi padha leren sedhela ing kene!”
Lesmana :
“Inggih Kakang Mas!”
Nalikane
Rama, Shinta, lan Lesmana lagi leren ing papan panggonan kuwi, ing sak cedhakke
panggonan mau ana Rahwana lan Patih Kala Marica kang tansah ngintik lan namatke
ayune pasuryane Dewi Shinta.
Rahwana :
“Duuhhh Jagad Dewa Bethara........heeeemmmm pancen ayu tenan Shinta. Kowe kudu
iso tak dadekkake garwaku Shinta senajan kowe uwis duwe garwa Rama.....aku ora
uruuss!!”
“Hehhh....Patih
Kala Marica!”
Patih Kala
Marica : “Injihh Sinuwun”
Rahwana :
“Kowe Kudu iso misahhake antarane Rama, Lesmana, lan Shinta mbuh piye caramu!”
Patih Kala
Marica : “Injih sendhika dhawuh Gusti....kulo badhe nyaru dados Kidang Kencana
badhe kula pilut Shinta supados Rama mangke ngoyak Kawula Gusti!”
Kocap kacarita, Patih Kalamarica
banjur memba-memba dadi Kijang Kencana banjur mlayu arep nerjang Ramawijaya.
Wong telu kang nembe ngaso dadi kaget amarga dumadakkan ana kewan Kidang
Kencana kang indah. Sinta dadi kepilut banjur matur karo Rama.
Sinta :
“Kakang......niku wau wonten Kidang ingkang indah sulistyo.....kula kepengin
Panjenengan cepeng kagem kawula Kakang Mas!”
Ramawijaya :”Iya
Yayi....bakal tak oyakke Kidang kuwi mau. Tak rangket, tak aturke marang
sliramu dimen sliramu bungah Yayi!”
Banjur
Ramawijaya enggal-enggal ngoyak playune Kidang kuwi mau. Nanging sak durunge
lunga, Ramawijaya nitip pesen marang Lesmana.
Rama :”Adhiku
Lesmana.....tulung Mbak Ayumu dijaga sak suwene aku ngoyak mlayune Kidang kuwi.
Ojo ngasi sliramu ninggallake Mbak Ayumu sak durunge aku mulih meneh ana ing
papan kene yow Dhi!”
Lesmana
:”Inggih Kakang Mas....badhe kula jagi Kakang Mbok kaliyan jiwa raga kula!”
Ramawijaya
:”Iya Dhi.....matur nuwun. Saiki aku pamit arep ngoyak Kidang kuwi mau!”
Wis sak wetara wektu anggone
Ramawijaya lunga ngoyak playune Kidang daden-daden kuwi mau, nanging durung
mulih maneh ana ing papan panggonan kuwi. Rahwana banjur gawe cara kang licik
kanggo misahke Lesmana lan Shinta kanthi membo-membo utawa nyaru suarane
Ramawijaya.
Rahwana
:”Tuluuuung......tuluuung.....tuluuuuung!” “Adikku Lesmanaaaa....tulungen
Kakangmu ikiii!”
Shinta kang keprungu suarane
Rama kuwi mau banjur dadi ora karuan, banjur ngangkon Lesmana nyusul nggolekki
papan panggonanne Rama.
Shinta
:”Adikuuu Dhiii.......kae suarane Kakang Mas Rama kok ngaruwara njaluk tulung.
Ana apa Dhiii.....ndang gage cepeett tulungana Dhiii!” (Kanthi kudu nangis)
Lesmana :”Ananging
Kakang Mbok.....Kakang Mas sampun menggak kula mboten kepareng ninggalaken
Panjenengan Kakang Mbok. Sak mangke lajeng sinten ingkang badhe njagi
Panjenengan?”
Shinta
:”Uwis ora usah mbok pikirke awakku Dhi....sliramu tak prentahhake enggal tumandang
tulungana Kakangmu saiki!”
Lesmana
:”Menawi makaten pamundhutipun Kakang Mbok......inggih kula ngetokkaken dhawuh.
Ananging kula pesen kaliyan Kakang Mbok, Panjenengan mangke ampun ngantos medal
saking bunderan garis ingkang badhe kawula damel kaliyan pusaka Kula niki.
Amargi menawi Panjenengan taksih wonten ing sak lebetipun bunderan garis
punika, mboten wonten satunggalling bebaya ingkang badhe saget nrajang bunderan
garis punika Kakang Mbok!”
Shinta :”Iya
Yayi....kana enggal budhal, tulungana Kakangmu!”
Sak durunge
lunga, Lesmana banjur gawe bundera kang digariske saka pusakane ana ing lemah,
banjur Shinta dikongkon ono ing njero bunderan kuwi mau.
Rahwana kang awit mau ndhelik,
mangerteni kabeh kedadeyan kuwi mau banjur dhewekke nyaru dadi pengemis tuwa
lan nyedhak marang Shinta.
“Den
Ayu.......nyuwun sih kawelasannipun Panjenengan Den Ayu....sampun pinten-pinten
dinten kawula dereng madhang. Padharan kawula raossipun sampun sakit sanget Den
Ayu!” (kanthi ethok-ethokke nyekel
wetenge)
Shinta :”Iya Pak
Tua....aku uga mesakke marang sliramu, nanging kepriye.....aku dipenggak kudu
tetap ana ing papan kene ora oleh metu saka ing papan kene!”
Rahwana
:”Punapa Panjenengan tega menawi kula nemahhi pejah wonten ing ngriki Den Ayu?”
(Kanthi nyekel weteng lan ngglangsur)
Nonton
kahanan kaya ngono, atine Shinta dadi melas lan ora tegel, banjur trenyuh lan
ngelungke tanganne arep menehhi pangan kanggo wong tuwa kuwi mau. Nanging, sak
uwisse tanganne kecekel jelma’ane Rahwana, Pengemis Tuwa mau banjul malih dadi
Rahwana lan ngglandhang Shinta digawa numpak Kreta Kencana digawa mabur nuju
ing Praja Alengka.
“Tuluuuuung......tuluuuuung......tuluuuung,
culkeee akuuuuu!” Bengokke Shinta.
Rahwana
:”Ha...ha....ha.....ha......menengo Cah Ayu, kowe arep tak boyong mring Alengka.
Arep tak dadekkake bojoku....Ratuku....ha...ha....ha.....ha!”
Ana ing
awang-awang, suarane Shinta kang mbengok ngaruwara keprungu dening Jatayu kang
ora liya mitrane Prabu Janaka ramane Dewi Shinta. Jatayu banjur nyegat lakune
kreta kencana arep nylamettake Shinta.
Jatayu
:”Heehhh....Rahwana, Raksasa kurang tata....culke Dewi Shinta, balikke menyang
garwane!”
Rahwana
:”Iki ana manuk sak mene gedhene koq arep njaluk Shinta. Kowe sopo heeehh
manuk?”
Jatayu :”Aku
kadang mitrane ramane Dewi Shinta. Saiki aku njaluk Shinta!”
Rahwana
:”Ha..ha....ha..... Arep njaluk Shinta?? Langkahhi dhisik bathangku yen kowe
bisa!”
Banjur
kedadeyan peperangan antarane Jatayu kelawan Rahwana. Anangin Jatayu kasoran
musuh Rahwana, bajur sewiwine dipoklek Rahwana. Jatayu niba ana ing bumi kanthi
tatu arang kranjang.
Ramawijaya
lan Lesmana kang nggolekki dumununging Shinta kang uwis ora ana ing papan
panggonan, dumadakan nemokakke manuk Jatayu kang nandang tatu arang kranjang
kuwi mau. Banjur manuk Jatayu cerita menawa Dewi Shinta didhusta dening Ratu
Buta Rahwana Raja lan arep digawa menyang Alengka Diraja. Sak uwisse kandha
kaya ngono mau, manuk Jatayu banjur nemahhi pralaya.
Rama lan
Lesmana banjur nutukkake laku arep nggolekki papan dununge Rahwana ing Alengka
Diraja. Ing sak tengahhe laku, kalorone dicegat dening kethek putih (Anoman)
Anoman
:”Mandhek....mandhek....mandhekk....mandhek hehh Satria bagus. Sapa jenengmu
lan arep neng ngendi lakumu?”
Ramawijaya
:”Hehhh Kethek Putih, mangertia yen aku iki Ramawijaya lan iki adhiku Lesmana.
Aku arep nggolekki garwakku kang didhusta dening Ratu Buta Rahwana. Apa sliramu
ngerti papan dununge Kraton Alengka Diraja hehh Kethek Putih?”
Anoman
:”Ha...ha...ha.....Satrio Bagus.....aku bakal sabiyantu kabehh reribetmu,
ananging aku nduwe panjalukkan Satrio Bagus!”
Ramawijaya
:”Panjalukanmu apa? Sak perangan aku bisa bantu bakal tak bantu, sing baku
angger aku bisa kasil ngrebut garwaku saka tanganne Rahwana!”
Anoman
:”Aku njaluk sabiyantumu, ngasorake Subali Raja ing Kraton Kiskenda amarga dhewekke
ngrebut Dewi Tara garwane Pamanku Sugriwa.
Yen sliramu bisa ngasorake Subali, aku lan kabeh prajuritku bakal
sabiyantu kabeh reribetmu lan bakal nuruti apa kabeh panjalukmu Satrio Bagus.
Sanggup apa ora?”
Ramawijaya
:”Ora usah kesuwen, ayo saiki aku terke menyang Kiskendha, bakal tak sembadani
panjalukmu!”
Sak banjure Rama,
Lesmana, lan Anoman mlaku bareng menyang Kerajaan Kiskendha.
(To Be
Continue........)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar